Cerita Lucu

Ongkos Naik Bis

Bis jurusan Wonosari mandeg neng Pasar Piyungan Yogya.
Ono simbah-simbah jaritan mudhun ngelungné ongkos duwit nèng kondèktur.

  • Kondektur   : "Mbah, niki ongkosipun kirang!"
  • Si Mbah       : "Kurang kepriyé?!"
  • Kondektur   : "Nggih jelas kirang! Mosok namung limangatus niki?"
  • Si Mbah       : "Lho, mau ono bocah mbayar sewu mangatus, terus ono sing mung sewu..!
  • Kondektur   : "Mbahé.. Laré sing kathok dowo abu-abu wau laré SMA mbayar sewu mangatus, sing kathokan pèndèk biru wau laré SMP mbayar sewu."
  • Si Mbah      : "Lho nèk ngono kuduné aku ra mbayar!
  • Kondektur   : "Lha mboten mbayar pripun?"
  • Si Mbah       : "Lha wong aku ra kathokan!!
Previous
Next Post »
0 Komentar